Monday, February 28, 2011

MATERI PELAJARAN KAWRUH BASA

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
A. DASANAMA
Dasanama yaiku tembung pirang-pirang kang duwe teges siji utawa padha.
Tuladha
anak : atmaja, putra, siwi, sunu, suta, yoga
angin : bajra, bayu, maruta, pawana, samirana, sindung riwut.
ati : driya, galih, manah, nala, kalbu, prana, tyas, wardaya.
awak : angga, badan, salira, sarira, raga.
bapak : bapa, sudarma, sudarmi, rama, yayah
banyu : her, warih, ranu, sindu, tirta, we, jala
bodho : blilu, dama, mudha, kumprung, koplo, jugul, pengung, punggung
bumi : bantala, bawana, buwana, basundara, jagad, mandhala, pratala, paratiwi, siti, kisma
buta : asura, danuja, denawa, ditya, diyu, raseksa, yaksa, wil
dalan : delanggung, enu, gili, lurung, marga, margana, sopana
dewa : apsara, apsari, bathara, dewata, sura, hyang, jawata, widadara
gajah : asti, dipa, dwipangga, dirada, esthi, liman
gawe : kardi, karya, karti, yasa
geni : agni, api, apyu, brama, dahana, pawaka
getih : ludira, marus, rah, rudira
gunung : aldaka, ancala, arga, ardi, giri, himawan, meru, parwata, prabata, wukir
ibu : biyang, biyung, indhung, puyengan, rena, umi, wibi
ireng : cemani, cemeng, jlitheng, kresna, langking
iwak : matsura, mina, ulam
jaran : aswa, kapal, kuda, turangga, undhakan, wajik
jeneng : asma, aran, jejuluk, rum-rum, wewangi, tetenger
kali : lepen, narmada
kaya : kadi, kadya, lir, mimba, pendah, pindha
keris : curiga, cudrik, katga, patrem
kethek : juris, kapi, palwaga, rewanda, wanara, wre
kreta : rata, ratangga, pedhati, wirnana, yana
kraton : dhatulaya, kedhaton, pura, puri
kuning : jenar, kapuranta, pita
lanang : jaler, jalu, kakung, priya
langit : akasa, antariksa, awang-awang, bomantara, dirgantara, gegana, jumantara, tawang,
widik-widik, wiyati, wyat
lara : gerah, gering, roga, sakit
lintang : kartika, sasa, sasadara, sudama, taranggana, wintang
macan : sardula, sirna
manuk : kaga, kukila, paksi, peksi
mata : eksi, mripat, netra, paningal, soca
mati : antaka, ngemasi, lalis, lampus, layon, lena, murud, palastra, seda
mayit : bangke, jisim, kunarpa, kuwandha, sawa, wangke
misuwur : kajuwara, kaloka, kalok, kawardi, kawentar, kaonang-onang, kombul, kondhang,
kongas, kontap
omah : graha, panti, wisma, yasa
padu : crah, congkrah, kerengan, padudon, sulaya
panah : astra, bana, jeparing, naraca, sara, warastra
pandita : ajar, dwija, dwijara, maharsi, resi, wiku, wipra, yogiswara
peni : apik, becik, edi, endah
perang : yuda, jurit, laga, pupuh, rana, branta yuda
pinter : guna, lebda, limpat, wasis, widagda, widura, wignya
ratu : aji, buminta, bumipala, dhatu, katong, naradipa, narpati, narendra, nareswara, nata,
raja, sri, sribupati
rembulan : badra, candra, sasadara, sasangka, sasi, sitaresmi, sitengsu, wulan
sedih : dhuhkita, kingkin, rudhatin, rudhita, sungkawa, susah, tikbra, turidha, wigena
segara : ernawa, jalanidhi, jaladri, samudra, tasik
slamet : basuki, raharja, rahayu, swasta, yuwana, widada
srengenge : arka, aruna, bagaskara, bagaspati, baskara, diwangkara, pratangga, pratanggapati,
pratanggakara, radhite, raditya, rawi, surya
ula : sarpa, sawer, naga, taksaka
wadon : dayinta, dyah, estri, juwita, kusuma, retna, rini, wanita, wanodya, gini, putri
weruh : anon, priksa, udani, upiksa, uninga, wikan, wrih
wicara : catur, gunem, ucap, uni
wong : jalma, jana, janma, manungsa, manus, nara

B. Kereta basa utawa jarwa dhosok yaiku negesi tembung kapirid saka wancahan wandane,
utawa nguthak-athik tembunge supaya mathuk.
Tuladha
anak : kabeh kekarepane kudu ana lan sarwa kepenak
bapak : bab apa-apa sarwa pepak (ngelmune lan pengalamane)
batur : ngembati (nindakake) pitutur
bocah : mangane kaya kebo, pegaweane ora kena dicacah
brekat : apa-apa brak-brek banjur diangkat
cangkir : nyancang pikir
cengkir : kencenging pikir
Desember : gedhe-gedhene sumber
dongeng : dipaido ya keneng (kenging)
garwa : sigarane nyawa
gedhang : digedeng yen bar madhang
gelas : yen tugel ora kena dilas
gerang : segere wis arang-arang
guru : digugu lan ditiru
Januari : hujan sehari-hari
jaka : apa sing dikarepake kepengin enggal tumeka
kaji : tekade mung siji
kathok : diangkat mbaka sitok
kodhok : teka-teka ndhodhok
kutang : sikute diutang
krikil : keri ing sikil
kuping : kaku tur njepiping
kupluk : kaku tur nyempluk
kursi : mungkur anggone ngisi
mantu : dieman-eman meksa metu
maratuwa : mara-mara bereng wis tuwa
piring : sepi yen miring
prawan : yen pepara(lunga) ing wayah awan
sepuh : sebdane ampuh
semah : isen-isenne umah
sirah : isine rah (getih)
siti : isi bulu bekti
sopir : yen ngaso padha mampir
sruwal : saru yen nganti uwal ( ucul)
tandur : olehe nata karo mundur
tapa : tatane kaya wong papa (ora duwe apa-apa)
tarub : ditata supaya katon murub
tebu : anteping kalbu
tuwa : ngenteni metune nyawa
wanita : wani ditata
wedang : ngawe-awe kadang
weteng : ruwet tur peteng

C. RURA BASA
Rura basa yaiku basa sing luput ananging dianggep lumrah ana ing basa padinan.
1. Tuladha
adang sega sing bener adang beras supaya dadi sega
mangan awan sing bener mangan sega ing wayah awan
mbunteli tempe sing bener mbunteli dhele godhog kang wis dirageni
menek klapa sing bener menek wit klapa
mikul dhawet sing bener mikul angkring isi wadhah dhawet
ndheplok gethuk sing bener ndheplok tela supaya dadi gethuk
ndhudhuk sumur sing bener ndhudhuk lemah kanggo gawe sumur
ndondomi klambi sing bener ndondomi bakal digawe klambi
nganam klasa sing bener nganam pandhan/mendhong digawe klasa
ngethok gedhang sing bener ngethok wit gendhang
nguleng sambel sing bener nguleg lombok sakbumbune digawe sambel
nunggu manuk sing bener nunggu pari supaya ora dipangan manuk
nyangking banyu sing bener nyangking ember isi banyu

D. HOMONIM LAN HOMOGRAF/ ekanama

Homonim yaiku tembung kang padha penulisane, padha pocapane nanging beda tegese.
1. Tuladha :

asma tegese a. jeneng, nama
b. lara napas/mengi
beton tegese a. isi nangka
b. cor-coran semen, watu, krikil lan gesik
bledug tegese a. anak gajah
b. lebu sing katut angin
catur tegese a. papat
b. gunem, omong
enggal tegese a. cepet, gelis age-age, ndhang
b. anyar
golek tegese a. araning wayang kayu/ boneka saka kayu
b. ngupadi, ngupaya
jumeneng tegese a. ngadeg
b. dadi, madeg
kala tegese a. jaring
b. nalika, ndhek, wektu, wayah
kalong tegese a. suda
b. araning kewan kang saba bengi bangsane lawa
kedalon tegese a. kewengen
b. kematengen tumprp woh-wohan
krama tegese a. rabi, omah-omah
b. aturan
labuh tegese a. araning mangsa sawise ketiga dadi rendheng
b. minggir/mandheg tumpraping prahu
mundhut tegese a. tuku
b. njupuk
ngasta tegese a. mulang / nyambut gawe
b. nggawa
c. nggawe
ngelih tegese a. luwe, weteng kosong
b. mindhah
ngukur tegese a. ngilangi rasa gatel nganggo kuku
b. arep ngerti dawane utawa ambane
sepet tegese a. arane rasa
b. kulit klapa
sekar tegese a. tembang
b. kembang
serat tegese a. layang
b. garis/ototing kayu
sura tegese a. araning sasi jawa
b. wani kendel
timur tegese a. enom, muda
b. wetan
wani tegese a. ora wedi, gelem
b. nantang
waja tegese a. untu
b. araning wesi
wayah tegese a. putu
b. wektu, mangsa
weling tegese a. araning ula
b. wekas

Homograf yaiku tembung padha penulisane, beda pacopane, beda tegese.

meri tegese a. anak bebek
b. iri
geger tegese a. awak sisih mburi
b. pereng
apel tegese a. buah
b. dolang neng kanca wadon

E. PARIBASAN
Paribasan yaiku unen-unen ajeg panganggone tegese wantah ora ngemu surasa pepindhane.
1. Tuladha

Adigang, adigung, adiguna : Ngendelekake kekuatan, keluhuran lan kepinteran.
Ana catur mungkur : Ora ngrungokake omongan, guneman sing ala.
Angon mangsa : Golek wektu kang becik/ prayoga.
Anak polah bapa kepradhah : Wong tuwa bakal ngrasakake tumindhake anak.
Becik ketitik ala ketara : Tumindak ala lan becik iku bakal ketara/dingerteni tembe mburine.
Busuk ketekuk pinter keblinger : Sing bodho lan sing pinter padha dene nemu cilaka.
Ciri wanci lelai ginawa mati : Pakulinan ala ora bisa ilang yen durung mati.
Cincing-cincing maksa klebus : Karepe arep ngirit ananging jebul entek akeh.
Criwis cawis : Nyacad, akeh omonge ananging uga mrantasi ing gawe.
Dahwen ati open : Nyacad nanging duwe pamrih.
Desa mawa cara, negara mawa tata : Saben panggonan duwe cara dewe.
Dudu sanak dudu kadang yen mati melu kelangan : Sanjan wong liya yen nandhang rekasa bakal dibelani.
Durung pecus keselak besus : Durung nyambut gawe nanging duwe pepenginan warna-warna.
Entek amek kurang golek : Ngunek-unekake wong sakatoge.
Garang-garing : Katone sugih nanging sejatine kacingkrangan/kekurangan
Njajah desa milang kori : Lelungan tekan ngendi-ngendi
Jalukan ora wewehan : Seneng njaluk ora gelem menehi
Jer basuki mawa beya : Gegayuhan kudu nganggo ragad.
Njunjung ngentebake : Ngalembana ananging niyate ngasorake.
Kalah cacak menang cacak : Kabeh pegawean kudu dicoba dhisik bisa lan orane.
Kebat kliwat gancang pincang : Tumindak kesusu/grusa-grusu bakal ora kebeneran/gawe rugi.
Keplok ora tembok : Melu seneng-seneng nanging ora melu ngetokake ragad.
Ketula-tula ketali : Uripe ngrekasa banget.
Kumenthus ora pecus : Umuk ananging ora sembada.
Maju tatu mundur ajur : Prakara kang sarwa gawe ewuh.
Mbuwang tilas : Ethok-ethok ora ngerti tumindak ala sing dilakoni.
Mikul dhuwur mendhem jero : Anak kang bisa njunjung drajate wong tuwa.
Nabok nyilih tangan : Tumindhak ala sarana kongkonan.
Nyolong pethek : Mleset saka pambatange.
Pupur sadurunge benjut : Ngati-ati sadurunge nemu cilaka.
Rawe-rawe rantas : Sing sapa ngalang-alangi malang-malang putung kekarepane bakal disingkirake.
Rukun agawe sentosa : Rukun bisa dadi kuwat lan yen crah agawe bubrah cecongkrahan njalari ringkih.
Sabaya mukti sabaya mati : Rukun nganti tumekaning pati.
Sepi ing pamrih rame ing gawe : Nyambut gawe kanthi mempeng tanpa duwe pamrih.
Sing sapa salah seleh : Sapa sing salah bakal konangan.
Sura dira jayaningrat lebur : Kekuatan sing gedhe bakal pangastuti sirna dening tumindak becik.
Tega larane ora tega patine : Tega rekasane nanging isih menehi pitulungan.
Tinggal glanggang colong playu : Ninggalake papan pasulayan, peperangan.
Tulung menthung : Katone mitulungi nanging malah gawe rekasa sing ditulungi.
Tuna sathak bathi sanak : Rugi bandha nanging bathi pasuduluran.
Ulat madhep ati karep : Wis mantep banget kekarepane.
Undhaking pawarta sudane kiriman : Kabar iku beda karo nyatane.
Welas tanpa alis : Karepe ngeman nanging malah gawe kapitunan.
Yitna yuwana lena kena : Sing ngati-ati bakal slamet dene sing sembrana bakal nemu cilaka.

F. BEBASAN
Bebasan yaiku unen-unen ajeg panggone ngemu surasa pepindan kang dipindahake sifate utawa
kahanane wong.
Tuladha

Adol lenga kari busik : Andum barang marang wong liya nanging awake dhewe malah ora keduman.
Aji godhong jati aking (garing). : Asor banget, ora ana ajine.
Ancik-ancik pucuking eri : Uripe tansah kuwatir.
Anggenthong umos : Ora bisa nyimpen wadi.
Angon ulat ngumbar tangan : Ngulatake kahanan jalaran arep gelem rekasane.
Arep jamuare emoh watange : Gelem kepenake nanging ora gelem rekasane.
Diwenehi ati ngrogoh rempela : Diwenehi ananging isih kurang trima, njaluk maneh.
Dikena iwake aja nganti bitheg banyune : Kaleksanan panjangkane nanging ora gawe kapitunan.
Emban cindhe emban siladan : Ora adil (pilih kasih).
Esuk dhele sore tempe : Ora teteg atine, gampang molah malih.
Gawe luwangan ngurugi luwangan : Golek utangan kanggo nyaur utang.
Golek-golek ketanggor wong luru-luru : Golek utangan malah diutangi.
Gupak pulud ora mangan nangkane : Melu rekasa ora ngrasakake kepenake.
Njagakake endhoge si blorok : Njagakake barang kang durug mesthi ana.
Kadang konang : Sing diaku sedulur mung sing sugih.
Ketepang ngrangsang gunung : Gegayuhan sing mokal bisane kelakon jalaran kegedhen pejangka/kekarepan.
Kaya banyu karo lenga : Paseduluran sing ora bisa rukun.
Kakehan gludhug kurang udan : Kakehan omong nanging ora ana nyatane.
Kebanjiran segara madu : Oleh kabegjan kang gedhe.
Kegedhen empyak kurang cagak : Kegedhen panjangka kurang srana.
Kajugrugan gunung menyan : Oleh kabegjan kang gedhe.
Kekudhung walulang macan : Tumindak kanthi aling aling wong duwe panguwasa.
Kerot tanpa untu : Duwe kakarepan ora duwe sarana.
Kerubuhan gunung : Nemu kesusahan.
Kongsi jambul wanen : Nganti tuwa banget.
Madu bolu tanpa isi : Rebutan barang sepele.
Mrojol selaning garu : Wong kang luput saka bebaya.
Nglungguhi klasa gumelar : Mung kari nemu kepenake.
Ngubak-ubak banyu bening : Gawe rusuh ana ing papan kang wis tentrem.
Nguthik-uthik macan dhedhe : Gawe nesu wong kang wis lilih atine.
Nguyahi segara : Weweh marang wong sugih, saengga tanpa guna.
Nututi layangan pedhot : Nggoleki barang sepele, yen ketemu ora sumbut karo rekasane.
Nyugokake bugel kayu sempu : Njagokake wong kang ora pinter, jalaran isih sedulur.
Othak athik didudut tugel : Omongane sajak kepenak jebul angel ladenane.
Ora uwur ora sembur : Ora gelem cawe-cawe menehi pawitan apa-apa.
Pandengan karo srengenge : Mungsuhan karo wong sing duwe panguwasa.
Rebut balung tanpa isi : Padudon jalaran barang sepele.
Rindhik asu digitik : Nindakake pegawean kang cocog karo karepe.
Sandhing kebo gupak : Cedhak karo wong ala, nanging ing batin isih kepengin nglakoni.
Sedhakep angawe-awe : Ninggalake tumindak ala, nanging ing batin isih kepengin nglakoni.
Suduk gunting tatu loro : Nindakake pegawean sawarna, ananging asile luwih saka siji.
Wis kebak sundukane : Wis akeh banget dosa kaluputane.
Yiyidan mungging rampadan : Biyene wong durjana/culika, saiki dadi wong sing alim.

G. SALOKA
Saloka yaiku unen-unen ajeg panganggone ngemu surasa pepindhan kang dipindahake wonge.
Tuladha

Asu belang kalung wang : Wong ala (asor) ananging sugih bandha.
Asu gedhe menang kerahe : Luwih dhuwur pangkate, luwih gedhe panguwasane.
Ati bengkong oleh oncong : Wong duwe niat ala, ana sing nyarujuki, oleh dalan.
Baladewa ilang gapite : Ilang kekuatane.
Bathok bolu isi madu : Wong asor nanging sugih kepinteran.
Bebek mungsuh mliwis : Wong pinter mungsuh pinter, sijine kalah ubed utawa kalah trampil.
Belo melu seton : Melu anut grubyug nanging ora ngreti karepe.
Cebol nggayuh lintang : Gegayuhan kang mokal bisane kelakon.
Cecak nguntal empyak/cagak : Gegayuhan kang ora timbang karo kekuwatane.
Dhandhang diunekake kuntul, kuntul diunekake dhandhang : Ala diunekake becik, becik diunek-ake ala.
Dhemit ora ndulit, setan ora doyan : Tansah diparingi slamet.
Dom sumuruping banyu : Laku sesidheman kanggo nyumurupi wewadi.
Emprit abuntut bedhug : Prekara sepele dadi gedhe.
Endhas gundhul dikepeti : Wis kepenak isi dienak-enakake.
Gagak nganggo elaring merak : Wong asor (cilik) tumindak kaya wong luhur.
Gajah alingan suket teki : Lair lan batine ora padha bakal ketara.
Gajah ngidak rapah : Nerjang wewalere/janjine dhewe.
Gajah perang karo gajah kancil mati ing tengah : Wong gedhe pasulayan, wong cilik dadi kurban.
Gong lumaku tinabuh : Wong sing kumudu-kudu ditakoni, dijaluki piwulang.
Idu didilat maneh : Menehi dijaluk bali (murungake janji kang wis diucapake).
Iwak klebu ing wuwu : Wong sing kena apus kanthi gampang.
Jati ketlusuban ruyung : Kumpulane wong becik kelebon wong ala tumindake.
Jaran kerubuhan empyak : Wis kapok banget.
Kacang ora ninggal lanjaran : Pakulinane anak lumrahe niru wong tuwa.
Kebo bule mati setra : Wong pinter nanging ora ana kang merlokake.
Kebo ilang tombok kandhang : Wis kelangan, isih ngetokake wragat kanggo nggoleki.
Kebo kabotan sungu : Rekasa jalaran kakehan anak.
Kebo mulih ing kandhange : Wong lunga wis suwe, bali ing omahe maneh.
Kebo nusu gudel : Wong tuwa njaluk warah marang wong enom.
Kere munggah bale : Wong didadekake wong luhur.
Kethek saranggon : Sagrombolan wong tumindak ala.
Klenthing wadhah masin : Angel ninggalake pakulinan ala.
Kriwikan dadi grojogan : Prekara cilik dadi ngambra-ambra(gedhe).
Kutuk marani sunduk : Njarag marani bebaya.
Lahang karoban manis : Rupane ayu/bagus tur ya apik bebudene.
Lambe satumang kari samerang : Dituturi bola-bali tetep ora nggugu.
Legan golek momongan : Kepenak malah golek rekasa.
Opor bebek mentas awake dhewek : Rampung saka dayane dhewe.
Palang mangan tandur : Dipercaya malah gawe rusak
Pecruk tunggu bara : Dipasrahi tunggu sing dadi kesenengane.
Pitik trondhol diumbar ing pedaringan : Wong ala dipasrahi nunggu barang pengaji, wekasan malah ngentek-enteki.
Satru munggwing cangklakan : Mungsuh wong sih isih sanak sedulur.
Sumur lumaku tinimba : Wong sing kumudu-kudu ditakoni.
Tekek mati ulone : Nemu cilaka jalaran saka guneme dhewe.
Tumbu oleh tutup : Wis cocog banget.
Timun mungsuh duren : Wong cilik mungsuh wong kang duwe panguwasa.
Timun wungkuk jaga imbuh : Wong bodho kanggone mung yen kekurangan wae.
Tunggak jarak mrajak, tunggak jati mati : Prakara ala ngabra-ambra, prekara becik mung kari sethithik.
Yuyu rumpung mbarong ronge : Omahe magrong-magrong, sejatine kekurangan.

Arane Dina

Ahad/Ngaat/Minggu : Radite/dhite
Senin : Soma
Selasa : Anggara
Rebo : Budha
Kemis : Respati
Jumuah : Sukra
Setu : Tumpak

Arane Pasaran

Pon : Palguna
Wage : Cemengan
Kliwon : Kasih
Legi : Manis
Paing : Jenar

Arane Sasi Jawa lan Sasi Arab

Sura : Muharam
Sapar : Syafar
Mulud : Rabiul awal
Bakdamulud : Rabiul akhir
Jumadilawal : Jumadil ula
Jumadilakhir : Jumadiltsani
Rejeb : Rajab
Ruwah : Sya’ban
Pasa : Ramadhan
Sawal : Syawal
Dulkaidah/sela/apit : Zulkaidah
Besar : Zulhijah

Arane Taun
1. Alip
2. Ehe
3. Jimawal
4. Je
5. Dal
6. Be
7. Wawu
8. jumakir

Arane Windu

Adi : Linuwih
Kunthara : Ulah
Sangara : Banjir
Sancaya : Srawung

Arane Wilangan

1 : eka
2 : dwi
3 : tri
4 : catur
5 : panca
6 : sad
7 : sapta
8 : hastha
9 : nawa
10 : dasa
100 : satus
1.000 : sastra
10.000 : saleksa
100.000 : sakethi
1.000.000 : sayuta
1. Araning Warna
abang : rekta
putih : seta/pinggul
kuning : pita/jenar
ijo : wilis
ireng : langking/kresna
biru : maya

Tegese Tembung Kawi

A
agni : geni
aji : ratu
akasa : langit
amba : aku
andaka : bantheng
angga : awak
angkara : srakah
ardi : gunung
aris : alon
arsa : arep
astha : wolu
atmaja : anak
aywa : aja

B
bantala : lemah
baskara : srengenge
basuki : slamet
brama : geni
bramantya : nesu
brastha : rusak

C
cakara : rodha
candra : rembulan
caraka : utusan
catur : papat
cipta : pikir
citra : rupa/gambar

D
dahana : geni
danawa : buta
dasa : sepuluh
datan : ora
dirgantara : langit
ditya/diyu : buta
driya : ati
duk : nalika
duksina : kidul
dulu : deleng
duta : utusan
duhkita : susah
dwi : loro
dwi pangga : gajah
dwija : guru

E
eka : siji
enu : dalan
erawati : bledheg
emawa : segara
esa : siji
esthi : karep

G
gahana : jurang
garba : weteng
gapura : lawang
gagana : langit
giri : gunung
gita : cepet/age
gung : gedhe
guntur : gludug
guruh : bledheg
gya : enggal
gahana : jurang
garba : weteng
gapura : lawang
gagana : langit
giri : gunung
gita : cepet/age
gung : gedhe
guntur : gludug
guruh : bledheg
gya : enggal

J
jala : banyu
jaladara : mendhung
jaladri : segara
janma : manungsa
jaya : menang
jenar : kuning

K :
kaga : manu
kadya : kaya
kalbu : ati
kalpika : ali-ali
kapti : karep
kapiyarsa : keprungu
kardi/karya : gawe
karta : aman
kartika : lintang
kayun : karep
kencana : emas
kintaka : layang
kisma : lemah
kresna : ireng
kukila : manuk
kuncara : misuwur
kusuma : kembang
kuwawa : kuwat

L
lampus : mati
langking : ireng
lastri : bengi
laya : panggon
lebda : pinter
lena : mati
lir : kaya
loh jinawi : subur banget
ludira : getih papan
lumaksana : mlaku

M
madya : tengah
makarya : nyambut gawe
manggala : panggede
manjing : mlebu
marga : dalan
marta : sabar
maruta : angin
mijil : metu
mina : iwak
mitra : kanca
miyarsa : krungu
mudha : enom
mulat : weruh
murwani : miwiti
murda : sirah
muksa : ilang
mustaka : sirah

N
nala : ati
narendra : ratu
narmada : kali
nata : ratu
nawala : layang
nendra : turu
netra : mripat
nuladha : niru/nyonto
nuswa : pulo

P
pabaratan : peperangan
pada : sikil
palagan : peperangan
palastra : mati
pambayun : pembarep
panca : lima
pancakara : padu/perang
panti : omah
pangaksama : pangapura
pangastuti : sembah
pangupajiwa : panguripan
paramarta : luhur
pawiyatan : sekolah
pindha : kaya
pita : kuning
padangga : gamelan
praja : negara
pralaya : mati
prapta : teka
pratiwi : lemah
prawira : kendel
priya : lanang
priyangga : dhewe
puma : rampung
puspita : kembang

R
rahayu : slamet
raga : awak
ratri : bengi
rawi : srengenge
rekta : abang
rena : ibu
roga : lara
rukmi : emas

S
samirana : angin
samodra : segara
sasana : papan/panggonan
sanggraha : cawisan
sardula : macan
sarira : badan
sarpa : ula
sasangka : rembulan
sasmita : tandha
siswa : murid
sitaresmi : rembulan
siwi : anak
soca : mripat
sona : asu
songsong : payung
sotya : inten
sudarma : bapak
sudarsana : contoh
sato : kewan
seta : putih
segra : gelis/cepet
sila : patrap
sira : kowe
sirna : ilang
sudira : digdaya
sungkawa : susah
sunu, suta : anak
sura : wani
sweda : kringet

T
tan : ora
tanaya : anak
taru : wit
taruna : enom
tinon : katon
tirta : banyu
trusta : seneng
turangga : jaran
tyas : ati

U
upaya : golek
upiksa : weruh
usada : tamba
utama : becik

W
waluya : waras
wana : alas
wanara : kethek
wardaya : ati
warih/we : banyu
warsa : taun
wasana : pungkasan
waspa : luh
wastra : sandangan
wibi : ibu
wicara : gunem
widya : pinter
wil : buta
wilis : ijo
wira : prajurit
wisma : omah
wisuda : angkat
wiyati : langit
wredha : tuwa
wukir : gunung
wuyung : kasmaran

Y
yasa : gawe
yayah : bapak
yitna : ngati-ati
yoga : anak
yogya : becik
yuda : perang
yuwana : slamet
ywa : aja

I. TEMBUNG ENTAR
Tembung entar yaiku tembung-tembung sing duwe teges ora sakbenere.
Tuladha:

abang-abang lambe : ora temenan utawa mung lelamisan.
abang raine : wirang, isin.
adol bagus, adol ayu : mamerake baguse, mamerake ayune.
adus kringet : nyambut gawe abot, mempeng
ala jenenge : ora dipercaya awong liya
alus tembunge : omongane kepenak dirungokake
atine ana wulune : duwe kekarepan ala, drengki srei
bau suku : tenaga, abdi
mbukak wadi : ngandhakake wewadine/rahasiane
mbuwang tilas : nutupi tumindake sing ala
cagak elek : srana supaya betah melek
cagak urip : srana kanggo nyukupi kebutuhane urip
cepak rejekine : gampang golek rejeki
cilik atine : sumelang, kuwatir
cupet nalare : ora bisa mikir
dadi gawe : ngrepotake wong liya
dawa tangane : seneng colong jupuk
ndhedher kabecikan : tumindak becik
dhuwur pangkate : dadi panguwasa
enetk atine : keweden, kuwatir banget
entheng tangane : seneng milara, cengkiling
enthenge tangan : seneng nyambut gawe
gedhe atine : tatag, ora gampang sumelang
gedhe endhase : sumanagkean, gumedhe
gedhe omonge : seneng umuk
nggedhekake puluk : ora gelem prihatin
nggenggem tangan : ora gelem nyambut gawe, kesed
golek urip : nyambut gawe kanggo nyukupi urip
idu geni : kabeh guneme kudu bisa klakon
jembar kawruhe : akeh ngelmune
jembar segarane : sugih pangapurane
kandel kulite : digdaya, sekti
kaku atine : tansah sulaya, nesu wae
kembang lambe : tansah dadi pocapan, gunem
kulak warta : golek kabar
kuwat drajad : cocog dadi panguwasa, pemimpin
lambe tipis : akeh omonge, criwis
landhep dhengkul : bodho banget
landhep pikire : pinter
lara ati : serik
lara ayu : lara cacar
lobok atine : sabar
lumah tangan : ora gelem cawe-cawe
lunyu ilate : gunemane mencla-mencle
manis rembuge : omongane gawe seneng
mata dhuwiten : petung banget, srakah marang dhuwit
mati sandhang pangane : ora ana dalan kanggo golek sandhang pangan
mati ilate : ora bisa ngrasakake gurihe pangan
meres kringet : nyambut gawe nganthi peng-pengan
mogel ilate : seneng mangan sarwa enak
nandur kabecikan : tumindak, gawe becik
ngangsu kawruh : sekolah, meguru
ngatonake siyunge : nuduhake panguwasane
ngatonake dhadhane : sumbar, umuk, pamer
ngendhaleni hawa napsu : nyegah kekarepan ala
nyolok mata : tumindake ketara banget, cetha banget
oleh wirang : kisinan
ora duwe ati : wedi, kuwatir banget
padhang hawa : ndonya
padhang pikirane : seneng
padhang ulate : sumeh, grapyak
panas atine : nesu banget
papan kiwa : ora andhakan, nisih
pedhes rembuge, tembunge : guneme gawe serik
peteng atine, pikire : susah
pingget atine : serik, gela
rai gedheg : ora duwe isin
rupak raine : cugetan
rupak jagade : judheg, ora bisa lunga-lunga
sepi kawruhe : bodho
sepi ing pamrih : ora duwe pamrih, melik
sesak dhadhane : mangkel, serik
tadhah udan : lirangan gedhang sing ndhuwur dhewe
tatu atine : serik banget
tipis lambene : seneng nyatur wong liya, criwis
thukul pikire : akeh akale
thukul turune : duwe turun/anak
udan tangis : akeh sing padha nangis
ulate peteng : nesu
utang nyawa, pati : gawe pepati
utang wirang : gawe wirange wong liya
weteng kadut, karet : akeh pagane/tadhahe
wedi getih : jirih
wedi kangelan : ora gelem rekasa, kesed

J. TEMBUNG KOSOK BALEN
Tembung kosok balen yaiku tembung sing tegese lelawanan.
Tuladha

A
abot >< entheng andhap asor >< degsura, murang tata adhem >< panas adol >< tuku agung >< asat akeh >< sethithik ala >< becik angel >< gampang angok >< rob anggak >< grapyak apal >< lali atos >< empuk B bagus >< ala bandel >< gembeng banter >< rindhing/ alon bathi >< tuna/ rugi barang para >< barang pengaji becik >< ala begja >< cilaka bener >< luput bening >< butheg brangasan >< sabar boros >< irit buneg >< lejar bungah >< susah C cedhak >< adoh cendhak >< dawa cethek >< jero cethil >< loma ciut >< amba crah >< rukun culika >< jujur cuwa >< lega D dawa >< cendhak dhuwur >< cendhek duka >< rena dursila >< susila E eling >< lali entek >< isih G gabug >< mentes gedhe >< cilik gela >< marem, lega gemi >< boros gething >< seneng goroh >< jujur grapyak >< anggak gundhul >< ketel J jago >< babon jembar >< ciyut jero >< cethek jirih >< kendel jujur >< culika K kaku >< lemes kalah >< menang kalis >< nandhang/ketaman kandel >< tipis kasar >< alus ketiga >< rendheng kemproh >< resikan kendel >< jirih kepenak >< rekasa kerep >< arang kereng >< sabar kesusu >< sareh kladuk >< kurang kuru >< lemu L lali >< eling landhep >< kethul lantip >< bodho larang >< murah lega >< gela lembut >< agal lemu >< kuru loh >< cengkar longgar >< sesak luhur >< asor lumrah >< aneh M mapag >< ngeterake marem >< gela mencutake >< nyebahi mentah >< mateng mentereng >< prasaja miris >< tatag mukti/mulya >< sengsara mursal >< bekti muspra >< guna murah >< larang mungsuh >< kanca/bala N nacad >< ngalem nesu >< rena nistha >< utama ngajeni >< ngina ngakoni >< nyelaki ngati-ati >< sembrana ngebreh >< ngirit ngebon >< kontan P padhang >< peteng padu >< rukun prasaja >< mubra-mubru pungkasan >< wiwitan purwa >< pracima R rame >< sepi rampung >< wiwit rancag >< rendhet rekasa >< kepenak resikan >< kemproh rikat >< alon S sabar >< brangasan sareh >< kesusu satru >< kanca sedhep >< cemplang sedih >< seneng sleder >< tliti semanak >< anggak sengsara >< mulya sepele >< wigati sregep >< kesed subur/loh >< cengkar suda >< tambah susah >< bungah T tabah >< kuwatir tanpa >< nganggo takon >< mangsuli teka >< lunga temen >< cidra tipis >< kandel tradhisional >< moderen tuku >< adol turah >< kurang/cumpen U ukuman >< ganjaran umuk >< nyata urip >< mati W wareg >< ngelih/luwe wetan >< kulon wedi >< wani wigati >< sepele wuled >< mbedhel wudhu >< payu/laris wuragil >< pembarep wutuh >< suda/kalong Y yekti/nyata >< goroh/apus-apus K. TEMBUNG GARBA
Tembung garba yaiku tembung loro sing dirangkep dadi siji kanthi nyuda cacahing wandane,
lumrahe tinemu ing tembang, minangka kanggo njumbuhake guru wilangan.
Tuladha

ana + ing dadi aneng tegese ana (manggon) ing
arane + iki dadi aranireki tegese jenenge iki
dadi + ewuh dadi dadyewuh tegese ora gampang, sarwa ewuh
dhemen + anyar dadi dhemenyar tegese senenge yen isih anyar
dupi + arsa dadi dupyarsa tegese nalika arep
jalu + estri dadi jalwestri tegese lanang wadon
kajuwara + ing dadi kajwareng tegese kondhang ing
kapireng + arsa dadi kapyarsa tegese keprungu
lagi + antuk dadi lagyantuk tegese lagi antuk/oleh
lagi+ana + ing dadi lagyaning tegese lagi ana ing
lebda + ing dadi lebdeng tegese mumpuni, pinter ing
lumaku + ing adi lumakweng tegese mlaku ing
lumebu + ing dadi lumebeng tegese mlebu ing
maha + raja dadi maharja tegese ratu linuwih
maha + resi dadi maharsi tegese pendhita linuwih
malebu + ing dadi malebeng tegese mlebu ing
mardika + ing+rat dadi mardikengrat tegese ing jagad/donya
murba + ing dadi murbeng tegese kuwasa ing
nara + indra dadi narendra tegese ratuning jalma
narpa + endah dadi narpendah tegese ratu sing ayu
nata + ing dadi nateng tegese ratu ing
nuju + ari dadi nujwari tegese sawijining dina
prapta + ing dadi prapteng tegese teka ing
prawira + utama dadi prawiratama tegese prajurit utama/senapati
priya + agung dadi ratwagung tegese ratu binathara/ratu utama
ratu + agung dadi ratwagung tegese panah utama
sami + arsa dadi samyarsa tegese padha arep
sira + iku dadi sireku tegese kowe iku
siti + inggil dadi sitinggil tegese lemah sing dhuwur papane
siniwaka + ing dadi siniwakeng tegese diadhep dening
sumbang + asih dadi sumbangsih tegese weweh kanggo tandha asih
sura + ing+yuda dadi surengyuda tegese wani perang/dewaning perang
taksih + alit dadi taksyalit tegese isih cilik
tumenga + ing dadi tumengeng tegese madhep ing (mendhuwur)
tumeka + ing dadi tumekeng tegese tekan ing
tumuju + ing dadi tumujweng tegese marani/tumuju ing
wira + utama dadi wiratama tegese prajurit utama/senapati

L. TEMBUNG SAROJA
Tembung saroja yaiku tembung loro utawa lewih padha tegese dirangkep dadi siji, nduweni
teges mbangetake.
Tuladha

A
abang branang angkara murka
adhem ayem ajur jejer
adi luhung akal budi apes krama
akal budi arum wangi
amrik angambar atut runtut
ndhap asor ayem trentem

B
babak bundhas bibit kawit
bagas waras blaka suta
bala kuswa bot repot
bau suku budi pekerti
baya pekewuh

C
campur bawur colong jupuk
ciri wanci

D
dana driyah dhawuh pangandika
darma bekti dhodhok seleh

E
edi peni ewuh pakewuh

G
gagah prakosa gilir gumanti
galap gangsul girang gumuyu
gandes luwes guna sarana
gemah ripah guyup rukun
gemi setiti godha rencana
gethok tular

J
jalma manungsa jejel riyel
japa mantra

K
kabur kanginan kebat kliwat
kajen keringan kesampar kesandhung
kepalu kepenthung kocap kacarita

L
lagak lageyan lir pendah
lega lila loh jinawi
lila legawa

M
malang megung mukti wibawa
mobah mosik mula buka
mubeng minger murba wasesa
mudha taruna murub mubyar

N
nistha papa nungsang njempalik
njarah rayah nyampar nyandhung

O
owah gingsir

P
padhang njinglang polah tingkah
papa cintraka pokal gawe
perang tanding puji pandonga

S
sabar drana sembah sungkem
sabar narima sepi mamring
salah kaprah sih kawelasan
salang tunjang sih tresna
sanak kadang sisik melik
sanak sedulur solah bawa
sapa aruh solah tingkah
sato kewan suka rena
sekti mandraguna sumbang surung
seger kuwarsanae

T
tambal sulam tepa palupi
tanem tuwuh tepa tuladha
tapa brata terang terwaca
tata cara tindak tanduk
tata krama tukar padu
tata trapsila tumpang tindhih
tedheng aling-aling tumpuk undhung
teguh santosa tutur sembur

U
uba rampe udha-usuk

W
wadya bala welas asih
was sumelang wor suh
watak wantu

M.TEMBUNG CAMBORAN
Tembung camboran yaiku tembung loro kang digandeng dadi siji.
Tembung camboran diperang ana loro, yaiku:

• Tembung camboran wutuh/tunggal
Yaiku tembung loro digawe dadi siji nduwe teges anyar.
Tuladha:

anjani putra : anoman
bala pecah : barang gamapang pecah
bapa biyung : wong sing ngukir jiwa raga
buntut urang : rambut ing githok
gantung kepuh : ora tau ganti sandhangan
gantung siwur : katurunan kang kaping pitu
gotong mayit : anak 3 wadon kabeh
gilir kacang : anak akeh giliran lanang lan wadon
imagiri : araning panggonan (desa) ing bantul
jaran kepang : wewangunan kaya jaran digawe saka kepang
juru kunci : tukang ngrumat papan kramat, sareyan
kacamata : tesmak, piranti kanggo ndeleng
kadhal menek : araning gelung (pungkasaning gurung)
kala menjing : jendholan ing gulu tumrap wong lanang
karang malang : araning desa
mata tuwa : wong tuwane bojo
nagasari : araning panganan
perang rusak : araning bathik
randha royal : araning panganan
semar mendem : araning panganan
tutup keyong : peperangan omah kampung
udan riris : corak bathik
wanasaba : araning kutha

• Tumbang camboran tugel/wudhar
Yaiku tembung loro digandeng dadi siji kang tegese cedhak karo tembunge.
Tuladha:

bangjo : abang ijo
bulik : ibu cilik
dhelik : gedhe cilik
dhengus : gedhe bagus
dubang : idu abang
kakkong : tungkak bokong
kongel : bokong cengel
kosik : mengko dhisik
lunglit : balung kulit
pakdhe : bapak gedhe
pakpuh : bapak sepuh
perko : emper toko
tingwe : nglinting dhewe
thukmis : bathuk klimis

N. TEMBUNG YOGYA SWARA
Tembung yogya swara yaiku tembung loro sing meh padha pangucape, mung beda wanda
pungkasan, duwe teges lanang wadon.
Tuladha

1. hapsara-hapsari
2. bathara-bathari
3. dewa-dewi
4. gandarwa-gandarwi
5. kedhana-kedhini
6. pemudha-pemudhi
7. putra-putri
8. raseksa-raseksi
9. widadara-widadari
10. yaksa-yaksi
1. Lembar Kerja Siswa

Haryono, Soewardi. Buku Pepak Basa Jawa Kanggo Cah Sekolah. Pustaka Widyatama; Yogyakarta
Jatirahayu, Warih. Manca Warna Kawruh Pepak Basa Jawa. Pelangi; Yogyakarta
Nugraha, Setyo G. dkk. Buku Pinter Basa Jawa. Kartika; -
Suliyanto. Bebakalan Sinau Basa Jawa. Cendrawasih; Surakarta
Ads by Google
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

No comments:

Post a Comment

Note: Only a member of this blog may post a comment.