Sunday, November 14, 2010

Paribasan, Bebasan, Saloka

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

01.  Abang-abang lambe (Pb).
       Samudana ; lelamisan.
02.  Abot anak tinimbang telak (Pb).
       Luwih merlokake kaperluane anak tinimbang keperluane dhewe.
03.  Adhang-adhang tetesing ebun (Pb)
       Ngarep-arep paweweh sing durung karuwan tekane.
04.  Adigang , adigung, adiguna (Pb)
       Adigang   : ngendelake kekuwatane.
       Adigung   : ngendelake  kaluhuran lan kapinterane.
       Adiguna   : ngendelake panguwasane.
05.  Adol lenga kari busike (Pb)
       Dum-duman ora komanan dhewe.
06.  Aji godhong jati aking ( (Pb)
       Tanpa aji babarpisan.
       ( aking = garing )
07.  Akal bulus (Pb)
       Ngapusi kurang julig, gampang dingerteni dening wong sing arep diapusi.
08.  Akal koja (Pb)
       Ngapusi kanthi cara sing alus banget.
       (sodhagar bangsa Indhu)
09.  Akeh sandhungane (Et)
       Kerep oleh alangan.
10. Aling-aling katon {Pb)
      Arep nyelaki kaluputan,konangan saka tingkah lan guneme dhewe.
11.  Aluwung kalah wang tinimbang kalah wong (Pb).
       Aluwung kapitunan nanging prawira,tinimbang oleh kauntungan nanging nistha.
12.  Ana bapang sumimpang (Bs)
       Nyingkiri reruwet.
       (bapang = blalag, njepapang mawa cagak dipaku ing pinggir dalan dienggo
       tenger jenenge dalan utawa jenenge desa ).
13.  Ana catur mungkur ( Pb)
       Emoh ngrungokake rerasane liyan kang kurang prayoga.
       ( catur = gunem )
14.  Ana dhaulate ana begjane (Pb)
       Ana ungup-ungupe bakal nemu kabegjan nanging kabegjan iku ora sida teka.
15. Ana dina ana upa (Pb)
       Wong sing ora nguwatirake  pangan.
16.  Anak anung anindhita ( (Br)
       Anak sing linuwih tanpa cacat.
17.  Anak polah bapa kepradhah (Pb)
       Wong tuwa nemu reribet  saka tingkah-polahe  anak.
18.  Anak-anak timun ( Bs)
       Ngepek anake liyan,bareng wis gedhe diepek bojo.
19.  Ancik-ancik pucuke eri ( Pb).
       Ora kepenak atine ; tansah kuwatir.
20. Anggenthong umos (Bs).
      Ora bisa nyimpen wadi.
21.  Anglong jiwa (Br)
       Katon saya kuru awake merga sedhih.
22.  Angon iriban (Pb)
       Angon wayah.
23.  Angon ulat ngumbar tangan ( Pb).
       Maspadakake ulate liyan,arep dikutil barange.
24. Anguk-anguk kubur (Pb)
      Wis meh mati.
25. Anteng kitiran (Sn)
       Esreg banget ora bisa meneng.
26.  Apik kemripik nancang kirik (Pb)
       Laire katon apik nanging batine ala.
27. Arep jamure emoh watange (Pb)
      Gelem kepenake, emoh kangelane.
      (watang = kayu prebatang = batang kayu papan uripe jamur)
28. Asrah jiwa (Br)
      Masrahake pati uripe.
29. Asu arebut balung (Bs)
       Regejegan perkara sepele.
30. Asu belang akalung  wang (Bs)
      Wong asor nanging sugih.
31. Asu gedhe menang kerahe ( Sl)
      Wong kuwasa yen orakara \n karo wong cilik padhatan menang senajan
      wong kuwasa iku kudune kalah jalaran luput.
32. Atangga macan (Pb)
      Tetanggan wong sing ngangkah rusake liyan.
33. Ati bengkong oleh oncong ( Pb)
       Wong ala oleh kanca ala, utawa : duwe karep ala banjur oleh dalan
       sing ora prayoga.
       (oncong  = oncor ; obor ; urubing peni).
34.  Atine metu wulune ( Pb)
       Tuwuh drengkine ; tuwuh panastene
35. Atine momot ( Et)
      Atine sabar banget.
36. Awak pendhek budi ciblek (Bs)
      Wong asor kang uga asor budine.
37. Bacin-bacin iwak ala-ala sanak (Bs)
      Senajan ala wong isih sedulur,yen sengsara ya ora mentala.
38. Baladewa ilang gapite ( Bs)
      Tanpa daya jalaran ilang kekuwatane.
39. Bali menyang kinjeng dome (Bs)
      Wong cilik dadi wong gedhe,wusana dadi cilik maneh.
      (kinjeng dom  = kinjeng cilik saedom )
40. Bandha bau (Pc)
      Mung  pawitan bau, tanpa kepinteran.
41. Banyu pinerang ( Pb).
       Pasulayane (tukarane) sedulur enggal rukun maneh.
42 .Banyu sinaring ( Pb)
      Tansah ngati-ati ngulatake budine liyan.
43. Bapa kesulah anak kepradhah ( Pb)
       Anak wajib tanggunbg jawab marang perkarane wong tuwane sing
       wis mati, nyauri utange lan sapanunggalane.
44.  Bathang gajah ( Bs)
       Wong gedhe sing wis ilang panguwasane.
45. Bathang lelaku ( Bs)
      Wong ijen sing ngambah dalan sing mbebayani.
46. Bathang ucap-ucap ( Bs)
      Wong loro ngambah dalan sing mbebabayni.
47. Bathok bolu isi madu (Bs)
      Wong asor nanging sugih kepinteran.
      (bathok bolu = bathok wadhah jamu jaman biyen)
48. Bau kapine ( Bs)
      Ora padha pangrengkuhe ; pilih kasih.
49. Bebek diwuruki nglangi (Bs)
      Wong pinter diwuruki.
50. Bebisik nguwuh-uwuh ( Bs)
      Arep rempit marang wadi nanging solah bawane ngetarani
      njalari kewiyak wadine.
      (bebisik = omong alon ; bisik-bisik )
51.    Becik ketitik ala ketara (Pb)
         Klakuan kang becik utawa ala mesthi bakal katon dhewe.
52.    Belo melu seton (Bs)
         Wong sing mung anut grubyug.
         (seton = watangan  ing dina Setu)
         (watangan = latihan tumbak-tumbakan)
53.    Beras kutah arang mulih takere (Bs)
         Pawarta kang wis sumebar ora bisa bali wutuh.
54.   Berbudi bawa leksana (Br)
        Seneng weweh lan netepi janjine.
55.   Bisa njara langit (Pb)
        Pinter banget.
        (jara  = bur cilik kanggo ngebur kayu).
56.   Bisa njaring angin {Pb)
        Pinter banget. Bisa ngrampungi pegaweyan sing wong liya ora bisa nindakake
        awit saka angele.
57.   Blaba wuda (Pb).
        Merga saka banget lomane nganti awake dhewe kecingkrangan.
58.   Blilu tau pinter durung nglakoni (Pb)
        Senajan bodho nanging bisa nindakake jalaran wis dadi pegaweyane.
         (blilu  ; balilu = bodho)
59.   Bocah wingi sore (Pb)
        Wong dewasa isih dipadhakake bocah jalaran isih enom.
60.   Bolu rambatan lemah (Bs)
         Perkara sing embet-embetan, ora ana rampunge.
        (bolu  = arane tetuwuhan lan wohe sing mrambat lemah).
61.   Bung pring petung (Bs)
        Bocah sing wlagang banget, gelis gedhe.
62.   Bungahe kaya wong nunggang jaran ebeg-ebegan (Pb)
        Bungah banget.
        (jaran ebeg-ebegan = jaran kepang )
63.   Busuk ketekuk pinter keblinger (Pb)
        Wong bodho lan wong pinter padha cilakane.
64.   Bubuk oleh leng (Bs)
        Duwe karep ala oleh dalan ala,saya olehe ngangseg saka senenge.
        (bubuk  = arane kewan bangsane thether sing mangan kayu)
65 .  Byung-byung tawon kambu (Bs)
        Wong pirang-pirang grudag-grudug merga kelu marang pawarta.
66 . Cablek-cablek lemut (Pb)
       Ora tau nindakake pegaweyan abot nanging penak banget uripe.
67 . Cacah cucah caturan karo dhangkling  (...)
        Eman-eman caturan karo wong gendheng, marakake ora kajen.
68 . Cangkem gatel arang mingkem ( ...)
        Seneng nyatur ala.
69.  Cangkem karut (...)
        Nggragas, apa-apa doyan.
70.  Cangkem lunyu ( Pb)
       Ora kena dipercaya guneme.
71.  Cangkem rusak godhong jati krasa opak ( ,,,)
        Barang kang sejatine ora patut dipangan, meksa dipangan.
72.  Cangkem urab-uraban (...)
       Seneng ngunen-uneni nganggo tetembungan sing saru.
73.  Car-cor kaya kurang janganan  (Pb)
        Guneman sing ora patut , saru.
74.  Caruk banyu (...)
       Gedhe cilik, ala lan becik dianggep padha.
75.  Ceblok alu (Pb)
       Giliran.
76.  Ceblok kangkung (Pb)
       Bakul sing nawakake dagangane kanthi mundhak-mundhak.
77.  Cebol nggayuh lintang (Bs)
        Tangeh bisane kaleksanan.
78.  Cedhak kebo gupak ( Bs)
       Sesrawungan karo wong ala watege.
79.  Cegah dhahar lan guling (br)
       Tirakat ngurangi mangan lan turu.
80.  Cengkir ketindhingan kiring (Bs)
       Arep omah-omah kepeksa durung bisa jalaran sedulure tuwa durung
       omah-omah , arep nglangkahi ora wani.
       (kiring = krambil tuwa kang garing)
81.  Cincing-cincing meksa klebus (Pb)
        Niyate ngirit, malah ngorot, malah entek akeh ragade.
82.  Ciri wanci lelahi  ginawa mati (Pb)
       Kelakuan ala marine yen wonge wis mati.
       (lelahi  = lelewa )
83.  Cocak nguntal elo (Bs)
       Panjangka kang nglengkara kelakone.
84. Colok lintang (Br)
       Lelungan wayah bengi tanpa  obor.
85.  Criwis cawis ( Pb)
       Dikongkon tansah madoni nanging gelem tandang.
86.  Cumbu laler (...)
       Watege ora antepan, sok minggat.
87.  Cuplak andheng-andheng yen ora pernah panggonane ( Bs)
       Sedulur utawa kanca sing njalari ala prayoga disingkirake.
88.  Dadi kembang lambe (..)
       Tansah digunem.
89.   Dadiya banyu emoh nyawuk (...)
        Emoh.
90.   Dadiya dalan emoh ngambah (...)
        Emoh sapa aruh.
91.  Dadiya godhong emoh nyuwek (...)
       Emoh.
92.  Dagang tuna andum bathi (Bs)
       Gawe kabecikan lumantar wong liya.
93.  Dahwen pati open ( Pb)
       Nacad supaya wong liya ngemohi, perlune barang sing dicacat iku
       arep diepek dhewe.
94.  Dawa ilate (Pb)
       Seneng golek pangalembana sarana madulake alane liyan.
95 . Dawa-dawa ula (...)
       Rembugan nganti kedawa-dawa.
96 . Demang ngiras tangkilan (Bs)
       Tamu ngiras dadi pladen.
       (tangkilan = sowan ; seba ngarsane Ratu )
97 . Desa mawa tata, negara mawa cara (Pb)
       Siji-sijine panggoinan nduweni adat tatacara dhewe.
98.  Dhadhap ketuwuhan cangkring (Bs)
       Perkara becik ana sing njalari ala.
       (cangkring = arane wit kaya dhadhap sing uwite  ana erine )
99.   Dhalang krubuhan panggung ( Bs)
        Wong kang kandheg guneme jalaran keweleh.
100.  Dhalang ora kurang lakon (Pb)
         Wong ora kurang akale.
101. Dhalang opah-opah ( Bs)
        Wis rekasa malah tombok.
102. Dhayung oleh kedhung ( Bs)
        Duwe karep alam oleh dalan.
        (dhayung = welah kanggo nglakokake prau)
103. Dhemit ora ndulit, setan ora doyan (...)
        Tansah slamet,ora ana sing nganggu gawe.
104. Dhengkul iket-iket ( Bs)
        Wong bodho didadekake pengarep.
       (lumrahe merga isih sedulur).
105. Dibeciki mbalang tai (Bs)
        Dibeciki malah males ala.
106. Dicuthat kaya cacing (Pb)
        Ditundhung kanthi degsiya banget.
107. Digarokake dilukokake kaya kebo dhebleng (Bs)
        Diakon nyambutgawe abot lan prasasat ora bisa ngaso.
108. Digebyah uyah  (...)
        Dianggep padha wae.
109. Digembol ora mrojol, dibuwang ora kemrosak  (Pp)
        Pepindhane kawruh utawa ngelmu.
110. Digetak angop (Bs)
        Didhawuhi nindakake pegaweyan sarana dadakan.
111. Dikempit kaya wade, dijuju kaya manuk  (...)
        Diopeni becik lan diweleg panganan.
112. Dikena iwake aja butheg banyune (Bs)
        Bisaa kena nanging aja nganti gawe gendra.
113. Dipalangana mlumpat, didhadhunga medhot ( Pb)
        Wong sing wis ora kena dipenggak kekarepane.
114. Disosog ing ujar (...)
        Diune-uneni ala.
115. Diulungake endhase digandhuli buntute  ( Bs)
        Ing lair rila, ing batin owel.
116.  Diuyah asemi ( Pb)
         Ngalembana luwih saka samesthine.
117 . Diwenehi ati ngrogoh rempela  (Bs)
         Diwenehi kalonggaran isih kurang trima.
118.  Dolanan ula mandi  (Pb)
         Njarag nindakake apa-apa sing mbebayani.
119. Dudu berase ditempurake (Bs)
         Udhu rembug sing ora cocog karo bab sing lagi dirembug.
         Utawa : aweh wangsulan sing ora cocog karo ptakonane.
         (ditempurake =diedol )
120. Dudu sanak dudu kadang yen mati melu kelangan ( ...)
        Senajan wong liya nanging  yen nganti nemoni ora kepenak ya dibelani.
        Utawa : uga bisa ateges bojo.
121. Dudutan oleh anculan (Bs)
        Wong loro wis kethikan.
        (weden manuk ing sawah sarana didudut)
122. Dugang mirowang (Pb)
        Maune ngrewangi, wusana malih dadi mungsuhe.
        (mirowang = mitulungi ; ngrewangi)
123.  Durga ngangsa-angsa ( Pb)
         Wong angkara murka.
124.  Durung kebak keselak jujul (Bs)
         Durung pinter wis pamer.
125.  Durung ilang pupuk bawange (Pb)
         Isih dianggep durung dewasa.
126.  Durung ilang pupuk lempuyange ( Pb)
         Isih cilik.
127.  Durung pecus wis keselak besus (Pb)
         Kawruh durung sepiroa wis keselak rabi.
         Utawa : durung bisa golek pangan wis wani rabi.
128.  Dreman oleh momongan  ( Pb)
         Wis akeh tanggungane ndadak nindakake apa-apa njalari saya 
         wuwuh tanggungane.
        (dreman = wong wadon sing sugih anak)
129.  Edom sumurup ing banyu  (Bs)
         Tindak sing alus ora ngetarani,dadi telik sandi.
         (telik sandi = mata pita = mata-mata )
130.  Eduk sandhing geni   (Pb)
         Gampang nuwuhake perkara.
131.  Emban cindhe emban siladan ( Bs)
           Pilih kasih , ora padha pangrengkuhe siji lan sijine.
132.  Empol pinecok ( Pb)
         Gampang banget.
133.  Emprit abuntut bedhug (Bs)
         Perkara sepelke dadi gedhe
134.  Endhas gundhul dicukur ( Bs)
         Wis ora nduwe ndadak diapusi.
135.  Endhas gundhul dikepeti ( Bs)
         Wis kepenak isih dikepenakake maneh.
136.  Endhas digawe sikil, siki digawe endhas  (Pb)
         Golek pangan kanthi rekasa.
137.  Enggak-enggok lumbu ( Pb)
         Mung manut marang ombyake liyan.
138.  Enggon Cina didoli dom (Bs)
         Wong pinter diumuki.
139.  Enggon welut didoli udhet (Bs)
         Wong pinter diumuki kepinteran.
        (udhet = anak welut ; welut cilik )
140.  Entek golek kurang amek  (...)
         Nguman-uman wong sakatoge, tembunge ora ana enteke.
141.  Entek jarake  ( Pb)
         Entek kasugihane.
142.  Entek ngomah entek ngalas  (...)
         Entek sakabehe, ora ana sisane.
143.  Enthengan bau (...)
         Seneng tetulung rumagang gawe.
144.  Enthengan tangan (...)
         Cengkiling ,seneng mara tangan ; seneng milara.
145.  Esuk kedhele sore tempe (...)
         Guneme mencla-mencle.
146.  Gagak nganggo elare merak (Bs)
          Wong cilik sing uripe,panggonane lan sapanunggalane kaya wong gedhe.
147.  Gajah marani wantilan (Bs)
          Njarag marani kacilakan.
          (wantilan = cagak kanggo nyencang gajah)
148.  Gajah ngidak rapah ( Bs)
          Wong kang nerak wewalere dhewe.
         (gegodhongan utawa  rereged kang mblasah ing lemah)
149.  Gambret singgang merkatak ora ana sing ngopeni (Bs)
          Prawan kenes ora ana sing nglamar jalaran ora ana priya sing seneng
          ngalap bojo.
          (gambret = singgang sing kapndho tumrap pari)
150.  Gandane arum jamban (Sn)
         Banger banget.
         (jamban = pakiwan ; padusan ngiras kakus)
 151.  Ganti watang (...):  
          Ganti pegaweyan.
 152. Gantung kepuh (...)    
          Ora duwe sandhangan kanggo salin.
 153.  Garing-garing anggere garang ( Pb)
          Senajan mlarat nanging aja nganti ngisin-isini.
          ( garang =  katon gagah)
 154.  Gedhang apupus cindhe ( Bs)
          Kabegjan kang elok banget.  (cindhe  ; kain sutra abang motif kembang-kembang)
 155.  Gedhe dhuwur ora pangur ( Bs)
          Wis dewasa durung ngerti tatakrama
 156.  Gedhe endhase ( ..)
          Kumalungkung ; gumedhe ;  angkuh.
 157.  Gemblung jinurung, edan kuwarisan ( Pb)
         Ugal-ugalan nanging tansah slamet. (gemblung = gendheng ; edan )
 158.  Geni pinanggang (( Bs)
          Lagi nesu tampa wewadul, saya mundhaqk nesune.
 159.  Gentho tlesor ( Pb)
          Wong ala nyenyolong ing paran.         (gentho = maling )
 160.  Glathik sakurungan (Bs)
          Wong-wong sing wis golong-gilig.
 161.  Gliyak-gliyak yen tumindak   ( ... )
           Senajan kanthi alon, yen terus ditandangi,    suwe-suwe  mesthi   bakal rampung.
 162.  Glundhung semprong ( Pb)
          Wanita nalika wiwit bebrayan karo priya ora nggawa apa-apa.
163.  Giri lusi janma tan kena ingina (Pb)
         Cacing wae bisa nggremet tekan pucuk gunung, apamaneh manungsa, saya ora kena disepelekake.
          (giri = gunung ;  lusi = suket ; janma = wong ; tan = ora )
 164.  Golek klimising lambe ( .. )
          Golek suguhan.
 165.  Gong lumaku tinabuh (Bs)
          Kumudu-kudu ditakoni.
167.  Gong muni sasele (Bs)
         Mriksa perkara lagi ngrungokake guneme wong siji, wong
         sijine durung ditakoni.
         (sasele = sasisih)
168.  Greget-greget suruh (...)
         Nesu nanging ora kawetu.
169.  Gudhang rempelas (...)
          Pinter ngapusi.
170.   Gumembrang ora adang (... )
          Mung anggras thok.
          Mung nggetak thok sarana swara.
171.   Gupak pulut ora mangan nangkane  (Pb)
           Melu kangelan ora melu ngrasakake pituwase.
           (pituwase = asile )
172     Guru aleman (...)
           Seneng dialembana.
173.    Guru Bakal (Br)
           Samubarang kang isih wujud bakal, durung dadi dandanan. Kayadene :
           mas lantakan ; kapuk ; kayu ; wesi lan sapanunggalane.
174.   Guru dadi (Br)
           Samubarang kang wis dadi dandanan, kayadene : gelang, kalung, jarit, kursi
           lan sapanunggalane.
175.   Guru lagu  (...)
           Dhong-dhinge swara ing pungkasane tembang Macapat.
           (macapat = tembang cacah  9 , yaiku  : kinanthi ; pucung; asmaradana  ; mijil ;
           maskumambang ;  pangkur ; sinom, dhandhanggula ;  durma ).
176.   Her gung  raja  manung (Bs)
          Sing sugih, sing berbudi.
          (her = banyu   ; gung = agung )
177.   Her mina kata (...)
           Nungsung pawarta ; njaluk kabar.
           (her = banyu ;  mina = iwak ;  kata =pangucap, ujar, gunem ).
           (Kaya   iwak ing banyu sing tansah obah lambene, kaya lambene
           wong tetakon).
           Yen ing crita pewayangan, sing ajeg takon mengkono iku Dursasana marang
           bapa pamane,Harya Sangkuni, patih praja Hastina, sawuse Sangkuni mundur saka
           pasewakan ( sawuse ngadhep Ratu). Ing pagelaran njaba ,wis dipapag Dursasana
          sakadang Kurawa" ha ha ha ha ha ha....,her mina kata, Man. Nungsung pawartos,
          menapa ingkang dipun rembag. Ha ha ha ha..."  
178.   Holobis kuntul baris (...).
          Sengkut gumregut  maju bebarengan.
179.   Idu didilat maneh (Bs)
          Njabel kesaguhan kang wis dijanjekake.
180.   Idu geni (Bs)
          Klakon saguneme.
181.   Ila-ila wong tuwa malati (...)
           Ngestokake kandhane wong tuwa.
182.   Ilang-ilangan endhog siji (Pb)
          Tekad-tekadan kelangan anak siji ora dadi apa,
          yen anak iku ora manut wong tuywa.
183.  Isih amba jangkahe. (...)
         Isih aqkeh sing dijangka ; isih bisa njangka sing muluk-muluk
         jalaran umure isih enom.
184.  Isih mambu kulit (Pb)
          Isih klebu sedulur.
185.  Iwak klebu wuwu (Bs)
         Kena diapusi kanthi gampoang.
         Utawa : nemoni bebaya kang wis ora bisa ngoncati.
186.   Jajabang mawinga-winga (Cd)
           Raine  mengangah abang kaya kembang wora-wari saka banget nesune.
           (winga = katon abang mbranang tumrap rai ; mawinga-winga = banget abang ).
187.    Janma mati murka (Pb)
            Wong cilaka merga saka murkane.
188.    Jaran krubuhan empyak (Pb)
           Wis kanji banget
           (kanji = kapok ; jinja ; trauma )
189.    Jati ketlusuban ruyung (Bs)
           Golongane wong becik-becik ketlusuban (klebon) wong ala.
           (ruyung = rerungkutan bangsane  glagah alang-alang luwih gedhe)
190.    Jembar dhadhane (Et)
            Sabar.
191.    Jembar kawruhe (Et)
           Akeh ilmune.
192.   Jembar kubure (Et)
           Mlebu swarga ; diapura kabeh dosane.
193.    Jembar segarane (Et)
           Sugih pangapura.
194.    Jenang dodol tiba wedhi (Bs)
            Rembug wis dadi banjur ana sing njalari jugare.
            (jugar = buyar ; wurung ; ora sida )
195.     Jumambak manak jumebang meteng (Pb)
            Wong wadon kang sugih anak.
            (Saben rambute anake wayah jumambak , kena dicambak, duwe anak maneh.
            Saben anake maneh iku rambute wis jumebeng, wis wiwit weteng maneh.
            Jumebeng = wayah ngarepake jumambak ).
196.     Jun lokak kocak (Bs)
             Wong sing ora akeh kawruhe, sok dhemen umuk.
197.     Jurang grawah ora mili (Bs)
             Katone loma nanging cethil.
198.     Kabegjan kebrayan (...)
            Sugih donya, sugih   anak.
199.     Kadang kadeyan (...)
            Sanak sedulur ; kadang warga.
200.     Kadang katut  (...)
            Dadine kadang karo wong liya jalaran ana sedulure sing
            dialap bojo dening wong liya mau.
201.     Kadang konang (Bs)
            Sing diaku sedulur mung sing sugih.
Cathetan :
          Ing postingan katelu (ka-3) iki, kapungkasan tembung bebasan : Kadang konang.
Tembung bebasan iku nalare kepiye?  Iber-iberan konang (kunang-kunang) sing metu ing wayah bengi katon kelip-kelip duwe lampu ing peranganing awake ,kanggo cecolok lakune jroning penteng. Padhange lampu konang, dening embah-embahe wong Jawa, kena kanggo pasemon  omahe wong sugih sing padhang gumebyar. Utawa kelip-kelipe konang  warna kuning iku, uga bisa kanggo pasemone wong  sugih mas-masan sing rupane kuning.  Pancen ya ana, wong sing mung seneng ngaku sedulure sing sugih. Sedulure sing mlarat, ora diaku, ora tau disaba.
         Dadi, kanggo mangerteni tegese bebasan iku mau, isih kudu  nganggo mikir-mikir yen tembung iku rupa pasemon utawa pralambang. Lan ukara iku : kadang konang, uga kepenak dirungu awit  ana ritmene. Mawa  lagu, berirama,  ,bersajak : ang, ang. Genah yen embah-embahe wong Jawa dudu wong sembarangan, wong lantip pikir lan  jero rasane, uga ing babagan sastrarne ,edi-peni, nengsemake ati. *  (Bojonegoro, 2  Nopember 2010).-



sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

No comments:

Post a Comment

Note: Only a member of this blog may post a comment.